Featured Video

kapanpun dimanapun tetap rukun

Kamis, 02 Desember 2010

GUNUNG MANGGIR

Obyek Wisata Gunung Manggir

Obyek Wisata Gununng Manggir satunggaling obyek wisata alam arupi pegunungan lan wonten goa ingkang panggenipun wonten perbukitan Manggir, Dusun Ngumbul Kecamatan Todanan, + 38,5 Km tlatah kilen saking Kuto Blora utawi + 3.5 Km tumuju kilenipun obyek wisata Goa Terawang.
Obyek wisata Gunung Manggir manggen wonten perbukitan batuan kapur ingkang inggilipun + 250 m saking permukaan laut.


Wiyar area + 4 ha. Obyek wisata Gunung Manggir ugi wonten Goa ingkang penggenipun wonten caketipun puncak Gunung Manggir kanti wonten tigang trap utawi tinggkatan, inggih puniko : Trap inggil utawi trap sepindhah, Trap tengah kelebetan + 15 m, kaliyan Tran ngandhap ingkang nggadahi kelebetan + 7 m. Sak lebetipun Goa meniko wonten stalaktit kaliyan stalakmit ingkang unik lan menarik.


Wonten obyek wisata Gunung Manggir sanese wonten Goa Manggir ugi wonten Goa Mangklih ingkang manggen wonten lereng gunung kalawau ingkang lebetipun wonten sumber toya ( sendhang ). Kangge tumuju obyek wisata Gunung Manggirsaget lampahi ngangge kendaraan roda kaleh utawi sekawan. Saking radosan aspal tunuju Goa + 1 km nglangkungi radosan kampung lan radosan setapak.
Sak nginggilipun Gunung Manggir wonten siti roto + 5 m2 , menawi kito tingali saking mriki dhateng sedoyo arah saget ketingal pemandangan ingkang mengesankan, endah lan menawan.

“ Dongeng kasebat termasuk dongeng legenda
“ Panggenipun wonten Dusun Ngumbul Kecamatan Todanan Kabupaten Blora

0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More